Minggu, 28 Mei 2017

Cerkak

Cerita Cekak utawi Cerkak punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dene Novella ( Kanthi teges modhern ) saha novel.

Unsur Intrinik ( unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
1. Tema -> underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
2. Latar ( Setting ) -> inggih punika panggenan, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak.
    a. papan
    b. wekdal
    c. kawontenan
3. Alur ( Plot ) -> reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
     a. maju
     b. mundur
     c. campuran
4. Watak -> Gambaran waak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos\
5. Nilai ( amanat )/ piwulang luhur -> inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksinten ingkang purun maos cariyos dening panyerat
6.Cara panyerat nyariosaken ( sudut pandang )-> kalenggahanipun panyerat rikala nyariosaken
7. Gaya bahasa/ lelewaning basa

contoh



Dadi caturing tangga, Mbak Ruri putrane Pak Mitra kae wis umur 25 tahun nanging kok isih legan. Krungu sriwing-sriwing swara ura kepenak marai ngabangne kuping. Urip bebrayan ana desa pancen ngene iki. Prawan menawa nganti umur 25 kok durung sesandingan bisa dadi caturing tangga, jare kakehan milih, nek ura pegawai ora lolos seleksi. Cangkir, kencenging pikir. Kebacut dicap kakehan nimbang-nimbang dadi menawa ana jaka arep nyedak rak ya wedi.
Mbak Ruri uga kerep didangu Mbak guru ana desane. Sabibare lulus kuliah kanugrahing Gusti langsung oleh pagaweyan, mulang ana salah sawijining sekolahan ing tlatah Karanganyar. Bola-bali digosipke menawa Pak Mitra arep mantu, sapa maneh yen ora mantokne Mbak Ruri, kuliah wis rampung pagaweyan ya wis antuk.
“Apa maneh sing ditunggu,” ngono pitakone mbokde-mbokde menawa ana ing rewangan.
Ora beda menawa ana rewangan tangga sing kagungan kersa mantu.
“Sekedap malih giliran nggone Mbak Guru.” Mesti ngono celathune piyayi-piyayi ing rewangan.
“Amin. Selot-selote bude, pangestune kemawon”, manggkono wangsulane ibune Mbak Ruri.
Luwih-luwih saiki, syukur dumateng Gusti amargi sampun menehi kelancaran dalan rizki. Mbak Ruri lulus anggone tes pegawai negeri. Kaya kenya-kenya liyane, karepe Mbak Ruri sampung rampung anggone kuliah, pagaweyan ya wis mapan, adik-adik uga wis lulus kuliah, sampun rampung tugas wragad. Karep ati dang mikir jejodohan. Dadi swara kang sumebar ing desa menawa Mbak Ruri kakehan timbangan anggone milih sesandingan, kuwi ura bener. Niating ati kados dawuhe Rasulullah menawa arep golek sesandingan gatekno petang babagan, agama prayogane menawa dadi urutan nomor siji banjur rupa, banda, lan trah.
Luwih nggegirisi ati maneh jarene wingi ibu nangis magep-magep. Jalaran krungu ngendikane Mbokde Mami.
“Nganti umur 25 kok ora ana sing mara nembung. Mesthi wae Mbak Ruri kae duweni cacat! Mung ora kasat mata bae”.
“Ampun dados galih jenengan, Bu. Mboten marga niku kula dereng sesandingan. Ati kula mawon dereng sreg.” Ngono anggone Mbak Ruri ngeyem-ngeyem ibune.
Mbak Ruri anggone dedonga yuwun marang Gusti mugi enggal cepak jodone wasana diwenehi dalan padang. Ora suwe sabibare oleh pagaweyan kang mesthi, Mbak Ruri kebukak atine kena jemparing asmara. Arjuna saka tlatah Karanganyar kuta kang bisa nlusup ing telenging ati Mbak Ruri. Mas Puja, kuat babagan agami, nggadahi trap sila lan suba sita. Babagan mangkono kuwi kang marai atine Mbak Ruri kesengsem, ora marga rupa lan banda.
***
Sore kuwi bibar Magrib, kabeh wis pada danganging panggalih. Bapak kaliyan ibu lenggah ana omah ngarep. Mbak Ruri kang tanggap karo kahanan kuwi banjur matur marang Bapak kaliyan Ibu, menawa Mbak Ruri duwe karep sinandingan karo Mas-mas ingkang daleme Karanganyar kuta. Sapa kang nyana apa kang wis digadhang-gadhang Mbak Ruri cengkah karo kekarepane Bapak lan Ibu. Sesawangan dadi mak prepet, rasa kemremyas rata sak awak.
Sak dek sak yet Bapak wangsuli, “Ora kena, Nduk, ditimbang-timbang maneh! Menawa golek sesandingan kuwi kudu nganggo petungan ora jer nuruti senenging ati lan hawa nepsu. Kowe kuwi anak moner siji, dadi pambuka, dadi tuladha adhi-adhine mbesok. Anak nomor siji kok arep jejodohan karo anak nomor telu. Kuwi jenenge lusan, ora pareng!”
Wus dadi adate wong Jawa menawa anak nomor siji kuwi pantangan menawa arep sesandingan karo anak nomor telu.
“Coba delengen Mbak Arum kae, anak nomor siji jejodohan karo anak nomor telu. Apa dadine? Anake lair cacat.” Ngono ngendikane Bapak. Lan isih akeh maneh.
Mbak Ruri amung meneng, ananging ing jero ati uga wangsulan. Bude Wiji kaliyan Pakde Tiyo menika nggih lusan malah geying sisan, wage ketemu paing, miturut petungan Jawa uga ura kena. Ananging, tumekan seprene malah sae-sae bae tansah pinaringan kasarasan lan bagya mulya.
Mbak Ruri mung bisa meneng, kelingan pituture ustazd-ustazd kae menawa amalan kang bisa ngeterake mlebu swarga kuwi amalan anak soleh salah sawijining bekti marang wong tuwa. Kapan maneh bisa nyenengake ati tiyang sepuh nek ora saiki. Nanging, apa kang dingendikakake Bapak ora sarujuk karo pangandele Mbak Ruri. Selenca karo apa dawuhing Gusti.
Ya ngene iki kang diarani konflik batin.Sabibare kuwi, Mbak Ruri ora tau maneh ngrembug babagan jejodoan. Angger-angger didangu Mbak Ruri amung meneng, dawa-dawane tes tumetese luh kang nggegirisi ati.
“Karepmu kepriye to, Nduk? angger-angger didangu babagan jejodohan kok meneng pijer tes…nangis. Bapak kaliyan Ibu wis sumarah. Sapa bae pilihaning atimu, ayo pada dedonga nyuwun marang Gusti mugi langgeng teka kaki-kaki nini-nini,” Ngendikane Ibune Mbak Ruri.
Sasi wingi ana piyayi kang ngajak sinambungan silaturahim. Putrane Pak Wigya sing kondang babagan dol tinuku kayu jati. Kebon jatine wis ora kepetung ambane. Celukane Mas Hans, jangkepe sapa Mbak Ruri ya ora ngerti. Gandeng ora sreg hayo wegah Mbak Ruri arep genah-genahake.
Ora maido piyayine pancen gedhe dhuwur, bagus, kuning, resik, tur tumpakane honda city griss….Bola-bali dudu babagan kuwi kang dadi timbangan. Mbak Ruri ora bisa ngapusi apa kang dirasakake ing telenging ati. Ana babagan kang ora sreg lan kuwi wigati tenan. Menawa piyayi kakung kang bakale dadi imam kaluwarga, ananging ora kuat babagan pangandelan apa ya bisa diajak omah-omah? Hayo genah ora mlebu sket! Batine Mbak Ruri.
***


Rong tahun Mbak Ruri anggone nandhang tresna. Rasa kangen kaya-kaya wus nlusup ana lulang-lulang. Kangen karo dawuhing Gusti supaya pinuju kasampurnanan agami lan nindakake sunah Rasul. Saiki wis umur 27 taun. Mateng babagan emosi lan materi. Ora kendhat anggon memuji marang Gusti enggal dipethukake karo salah sawijining pangriptaning Gusti kang bakal dadi sigaraning nyawa.
Esuk kuwi Mbak Ruri nyelakake sedela nalika jeda jam ngajar ana prelu ning kantor pajek. Anggone mlaku ora karo nyawang dalan, nanging karo mbukaki kertas ing jero map.
Sajak kesusu marga selak bali ngajar. Kae Arjuna sik ning jero kantor kae kok katon nginceng bae karo Mbak Ruri, anyak mlaku saka parkiran tumekane jero. Pancen ketok saka solahe menawa arep naroh Mbak Ruri. “Ada yang bisa kami bantu, Mbak?”
Mbak Ruri sing lagi mlaku dumadakan mandeg jegreg, lambe kaya kena pulut, mingkem rapet ora kena kanggo mangsuli. Rasa ati dag dig dug ura karuan. Rasane isih pada nalika krungu kang sepisan. Swara mau, tansah disimpen rapet ana ing memori. Swara kang bisa anggawe tresna rong taun kepungkur.
***
Gegarane wong akrami dudu bondho dudu rupo, amung ati pawitane, luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampang, yen angel angel kalangkung, tan kena tinumbas arta…
Sekar asmarandana dipun midangetaken para tamu sinambi dahar pasugatan. Kabeh sesawangan ora luput saka temanten kekalih. Pengantin putrine pancen manis, sumringah kaya sumunaring candra lan kartika. Ora beda pengantin kakung uga katon gagah lan  perbawa. Sapa maneh nganten putri nek ora Mbak Ruri putrane Pak Mitra.
Apa kang digarisake Gusti menawa bisa ditampa kanthi sareh rasane mesthi kepenak. Keletana gunung sap pitu jodho mesti ketemu, ngono bebasane.
“Nuwun sewu, Mbak..nganten kakung asmane sinten nggih?” pitakone salah sawijining tamu.
“Pujo…saking Karanganyar kuto” Kira-kira sepasar sabibare pawiwahane Mbak Ruri. Dusune Mbak Ruri geger krungu warta menawa Pak Wigya sak antek-anteke dijebloske penjaran. Ora keri Mas Hans putra ontang-antinge Pak Wigya. Gusti ora sare, jebule kayu jati kang dienggo dol tinuku Pak Wigya kuwi ilegal.

http://www.solopos.com/2012/04/05/cerkak-lulusan-176230
 


Rabu, 24 Mei 2017

PAWARTOS



Pawartos inggih menika palaporan (lesan utawi tulisan) ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H.


Jenis Pawartos :


1.      Pawartos Langsung (Straight News)

2.      Pawartos Mendalam (Depth News)

3.      Pawartos Opini (Opini News)

4.      Pawartos Photo


Struktur Panyeratan Pawartos :


1.      Irah-irahan (Head)

2.      Baris tengah (Dateline)

3.      Teras pawartos (lead

4.      Wos pawartos (Body)


Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun fakta saha opini boten dicampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika aktual, faktual, wigati saha narik kawigaten.

CONTOH

Irah-Irahan


Udan Angin, Puluhan Wit Ambruk 
 

Teras Pawartos



Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kitha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing Kabupaten Sleman, dina kamis sonten (5/1/2017).

Wos Pawartos




Kepala posko lapangan ing balai dhusun sumberadi, kecamatan mlati, Mayor Infantri Yacobus Totok Artono ngginemaken menawi dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.
"Griya ingkang risak yaiku 45 omah ing kecamatan mlati uga 22 unit ing kecamatan seyegan," ture Totok, jemuwah (6/1/2017).
Kedadosan kesebat kedadean ing sonten dinten menjelang dalu, mila upaya ingkang saget  piyambakipun tumindakake yaiku kaliyan numindakake pendataan lapangan.
Salajengipun, saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersaa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket jemuwah (6/1/2017) enjang ngantos sonten.
"Akhiripun, dinten niki (jemuwah) makempal 291 relawan saking kecamatan mlati. Tindakan ingkang dipuntumindakake skala prioritas enten ing griya warga ingkang terdampak lajeng uga akses radin ingkang ketutup wit," ngendikan Totok.
Ngantos jemuwah siyang, Totok nyabaraken menawi mboten enten laporan korban jiwa inggil kedadosan kesebat. Saleresipun, jawah angin ingkang ngakibataken wit ambruk kedadosan saben taun. Pihake pun sampun numindakake upaya antisipasi kanthi sacara rutin numindakake sosialisasi datheng dhusun-dhusun mawi numindakake pemangkasan wit ingkang dipunanggep rawan.
"Kendalane nalika saking warga enten ingkang kewratan menawi wit dipangkas. Alasanne punika sumber pamanahan ekonomi piyambake sedaya, tuladhanipun wit mlinjo ingkang dipunginakaken konjuk pamanahan keluarga," bacute.
Sewentara punika, Manager Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana (Pusdalops) BPBD DIY, Danang Samsurizal mertelakaken menawi dampak jawah angin ing DIY paling kathah wonten ing kabupaten sleman ingkang kedhawah ing 28 titik, kitha Yogyakarta ing 5 titik, Kabupaten Bantul Ing 1 titik, Kabupaten Gunungkidul ing 4 titik, lan Kabupaten Kulonprogo 2 titik.
"Konjuk wilayah kitha Yogyakarta, kabupaten bantul, kabupaten kulonprogo uga kabupaten gunungkidul lajeng dipuntangani saking BPBD sapanggen," pajaripun.
Miturut data sementara ingkang katampi pihake, kecatet konjuk ing kitha Yogyakarta yakni ing Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk uga kabel pln ingkang pedot.
Salajengipun ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih griya warga. Sewentara ing Kabupaten Gunungkidul persis e ing Playen ugi ngalami wit ambruk.
Ing dina punika jawah dipunmaweni angin kencang wangsul nempuh sakunjukan wilayah sleman, senin (9/1/2017) siyang. Sawilangan wit ambruk dipuntempuh angin. Setunggal dipunantawisipun kedadosan ing Dusun Bangunrejo Tridadi Sleman. Warga sekitar, kurniawan (32) ngendikakaken sekedhikipun enten gangsal wit sengon ukuran saweg ambruk.
"Rnten gangsal wit, kalih ngengingi atap griya uga setunggal ngengingi kandang," turene.
Kala niki sawilangan warga gotong-royong konjuk ngevakuasi pamitan kesebat.



 .........................................................



Unsur-unsur pawartos: 5W+1H
a)     What (Menapa)
Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten ing DIY ngakibataken wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten sleman
b)     Who (Sinten)
Masyarakat ing Kabupaten Sleman
c)     When (Kapan)
dina kamis sonten, 5 Januari 2017
d)     Where (Wonten Pundi)
Ing Kabupaten Sleman, khususipun ing Kecamatan Mlati lan Kecamatan Seyegan
e)     Why (Kenging Menapa)
Angin Kencang
f)      How (Kados Pundi)
dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.

Ukara Fakta :
1.     Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kitha ing DIY ngakibataken wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing Kabupaten Sleman.
2.     Dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.
3.     Saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersaa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket jemuwah.
4.     makempal 291 relawan saking kecamatan mlati.
5.     menawi mboten enten laporan korban jiwa inggil kedadosan kesebat.
6.     Saleresipun, jawah angin ingkang ngakibataken wit ambruk kedadosan saben taun. Pihake pun sampun numindakake upaya antisipasi kanthi sacara rutin numindakake sosialisasi datheng dhusun-dhusun mawi numindakake pemangkasan wit ingkang dipunanggep rawan.
7.     Dampak jawah angin ing DIY paling kathah wonten ing kabupaten sleman ingkang kedhawah ing 28 titik, kitha Yogyakarta ing 5 titik, Kabupaten Bantul Ing 1 titik, Kabupaten Gunungkidul ing 4 titik, lan Kabupaten Kulonprogo 2 titik.
Bab ingkang wigatos :

1.     Menapa ingkang kedadosan?
       Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten ing DIY ngakibataken wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten sleman

2.     Apa dampak saking jawah kalian angin kencang?
Dampak saking jawah angin kesebat yaiku 67 wit ambruk, 78 griya terdampak, 4 titik jaringan PLN risak, uga fasilitas umum wujud gedung PAUD uga MTS kembrukan wit.

3.     menapa hasilipun rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersaa MUSPIKA Kecamatan?
Saking rapat kewates kaliyan BPBD DIY kersaa MUSPIKA Kecamatan, diputusaken pengerahan relawan datheng lapangan dipunwontenaken ket jemuwah.

4.     Makempal pinten relawan?
makempal 291 relawan saking kecamatan mlati.

5.     Sinten ingkang mertelakaken menawi dampak jawah angin ing DIY paling kathah wonten ing Kabupaten Sleman?
Manager Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana (Pusdalops) BPBD DIY, Danang Samsurizal

6.     Menapake mawon data sementara ingkang katampi pihak Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana (Pusdalops) BPBD DIY?
Miturut data sementara ingkang katampi pihake, kecatet konjuk ing kitha Yogyakarta yakni ing Gondokusuman, Jetis, uga Tegalrejo masing-masing ngalami wit ambruk uga kabel pln ingkang pedot. Salajengipun ing Kabupaten Bantul yakni ing piyungan Bantul, wit ambruk ngembruki kalih griya warga. Sewentara ing Kabupaten Gunungkidul persis e ing Playen ugi ngalami wit ambruk.

7.     Sinten ingkang ngendikakaken sekedhikipun enten gangsal wit sengon ukuran saweg ambruk?
*kurniawan (32)


 

Cari Blog Ini

Diberdayakan oleh Blogger.