Sabtu, 20 Mei 2017

Gamelan


GAMELAN

Gamelan miturut Baosastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kangrericikakne akeh banget. Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa ( campuran tembaga lan timahsari ), Kuningan saha Barut ( Wesi lan Plat ). Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka daerah liya, yen musik gamelan Jawa umume nduwe nada luwih lembut lannganggo tempo luwih alon, beda karo musik gamelan Bali sing tempone luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan di-dominasi swara suling.
Ing ngisor iki andharan cekak bab rincikan gamelan miturut wujud, bahan, lan cara nabuh gamelan :

1.    Wujud Tebokan
Wujud Tabokan kayadene Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuh dithutuk/ dikebuk/ keplak/ tabok.
A.    Kendhang
Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji. Kendhang iku ukurane luwih cilik tinimbang bedhuk. Kendang iku wujude ana Kendhang ageng/ gedhe/ gendhing, kendhang ketipung, kendhang ciblon/ batangan, lan kendhang sabet/ kosek/ wayang.
a.       Kendhang Gending / Ageng
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane.
b.      Kendhing Ketipung
Kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane.
c.       Kendhang Batangan / Ciblon
Kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibanding kendhang ageng lan kendhang sabet. Kendhang Batangan/ Ciblon biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/ joged lan gendhing.
d.      Kendhang Wayangan / Sabet / Kosek
Kendhang sing duwe ukuran sedheng. Kendhang iki biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.

2.    Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Dumung, Saron, Peking. Carane nabuh dithutuk.

A.    Gender
Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/ silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane. Tabung/ silinder iku umume digawe saka pring lan wesi tipis
B.     Slenthem
Slemthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Wujud slenthem meh padha karo gender.
C.    Gambang
Wujud gambang ameh padha saron ning luwih gedhe tur dawa lan wilahane digawe saka kayu.
D.    Demung
Demung iku jenis saron kang paling gedhe ukurane.
E.     Saron
Saron Barung iku prangkat gamelan jinis saron tengah-tengah inggih punika anarane peking lan demung. Saron iki ngasilake swara luwih dhuwur saoktaf dibanding saron demung.
F.     Peking
Yaiku jenis saron kang palng cilik. 

3.  Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe dithuthuk.
Kecer
Kecer inggih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolana ing pagelaran karawian.

4.    Wujud Pancon
Gamelan sing wujude pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh di thuthuk.
A.    Bonang
Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon.
B.     Kethuk lan Kempyang
Kethuk lan Kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang. Rancakan Kethuk lan Kempyang iku luwih cendhek dibandhing kenong.
C.     Kenong
Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip kaya bonang, kempyang lan kethuk.
D.    Kempul
Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul ngasilake swara kang luwih dhuwur inimbang gong.
E.     Gong
Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Ana loro jenis gong inggih punika : Gong Ageng ( Pambuka ) lan Gong Suwukan ( Akhir ).



 5.  Wujud Kawatan
      Gamelan sing wujude Kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab di gesek dene Siter lan Clempung di pethik/ cuwik.
A. Rebab 
     Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok.
B. Clempung lan Siter
     Clempung iku piranti gamelan kang cara nabuhe dipeik padha karo siter. Clempung iki, bebarengan karo siter dadi piranti utama ing gamelan.
  
  6. Wujud Pipa 
      Gamelan sing wujude Pipa inggih punika Suling. cara ngungelaken di sebul.
 A. Suling
      suling iku kalebu piranti musik kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi. ing musik gamelan, suling iku kagawe saka bahan pring, lan dawane kira-kira setengah meter. 

0 komentar:

Posting Komentar

Cari Blog Ini

Diberdayakan oleh Blogger.