Kasustran Kang Tinemu Ing Gendhing
1. Cakepan : Syair utawi tetembungan kang dienggo ing tembang
2. Cengkok : Lak-luking swara
3. Gendhing : Lelagoning gamelan
4. Gamelan : Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang.
Kayata; bonang, kendhang, gender, peking, saron, kenong, lsp
5. Laras : Thinthingane swara cendhak nganti dhuwur
6. Titi laras : Angka minangka gantine laras
7. Pathet : Ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang
8. Pedhotan : Pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik
9. Senggakan : Lagu ing satengahing tembang kang binarug swaraning gendhing
10. Swarawati : Penyanyi putri
11. Wiraswara : Penyanyi kakung
12. Gerong : Tembang kang dilagokake bareng kaliyan gamelan kangge mbarengi gendhing
13. Sindhenan : Tetembangan kang dilagokake dening waranggana
14. Irama : Ukuran rindhik panabuhing gamelan
15. Bawa : Tembang kanggo mbukani gendhing
16. Buka : Swara kanggo bukani gendhing
17. Blimbingan : Wujud wilahan gender, demung, saron lsp.
18. Niyaga : Paraga kang ngayahi nabuh gangsa
19. Paniti : Paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa
20. Karawitan : Gumelaring gangsa saprabote
21. Waranggana : Wanita ingkang ngrengga karawitan
22. Saprangkat : Gangsa jangkep, laras Slendro lan Pelog
23. Sapangkon : Namung laras Slendro
24. Cokekan : Pagelaran karawitan kang ricikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong Kemodhong
25. Alusang : Gender, Gambang, Rebab, Siter, Suling
26. Balungan : Demung, Saron, Peking
Sabtu, 20 Mei 2017
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Cari Blog Ini
Diberdayakan oleh Blogger.
0 komentar:
Posting Komentar