SESORAH
Sesorah injih menika njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaken kagem tiyang kathah.
Tujuanipun sesorah kangge menéhi hiburan, informasi, utawi ajak- ajak marang
kang rungokaken supados nindaken menapa kang dikarepaken pemicara.
Bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedar sabda utawi sesorah meniko dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah nggatosaken :
1. Busana ( Ageman )
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi.
2. Subasita ( Trapsila/ Tata Krami )
Trapsila ingkang kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging boten kakean.
3. Swara ( Vokal, Basa Populer )
Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi cetha.
4. Basa Tuwin Sastra
Ngudia tambahing seserepan ing babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan baku tumraping pranatacara saha pamedhar sabda. bahasa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres.
Perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken, inggih punika :
Partap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah katindakaken :
1. Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, Percaya Diri
2. Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katinggal kaku
3. Polatan katinggal sumeh, namung mboten katinggal kadamel-damel
4. Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila
5. Pengalih dipunsarehaken, supados suwanten mboten kepireng ndredheg
6. Wiramaning wicara ingkang cetha serta kajumbuhan kaliyan kawontenan
7. Suwanten boten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang
8. Ngagem basa ingkang alus, ananging mboten perlu basa ingkang muluk-muluk, supados gampil dipunsuraosi dening ingkang mindhangetaken
9.Pangandikan mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa-punapa ingkang badhe dipunkajengaken.
Bab rantamaning sesorah
1. Salam Pambuka
2. Pakurmatan
3. Purwaka inggih menika ngunjukaken puja-puji marang Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara
4. Surasaning basa/ isi/ wos sesorah
5. Dudutan ( Kesimpulan )
6. Pangajeng-ajeng
7. Wasana/ Panutup
8. Salam penutup
Jenising Sesorah
1. Sesorah Kanthi Cara ( Model ) Apalan
2. Sesorah Kanthi Cara ( Model ) Naskah utawi Teks.
3. Sesorah Kanthi Cara ( Model ) Dadakan utawi Impromtu
4. Sesorah Kanthi Cara ( Model ) Eksemporan
Jumat, 19 Mei 2017
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Cari Blog Ini
Diberdayakan oleh Blogger.
0 komentar:
Posting Komentar